Rabu, 01 April 2015

Sesorah Sambutan Pengurus Makam ing ndalem Adicara Haul (Pidato Sambutan Pengurus Makam di Acara Haul)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillahirobbil'aalamiin. Wassholaatu wassalaamu 'alannabiyyil mursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'in. Amma ba'du.

Ingkang dhahat kinurmatan Rama Kyai Ikhwan
Ingkang dhahat kinurmatan ugi Bapak Kepala Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama' Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Bapak-bapak saha Ibu-ibu sekalian
Ingkang kula tresnani para muda lan Adik-adik sedaya

Ingkang wiwitan sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang taksih paring kalodhangan wekdal dhumateng kita kagem urip ing alam donya. Ugi ingkang tansah paring kasarasan dhumateng kita, saengga ing ndalu menika kula lan panjenengan saged makempal wonten ing adicara haul. 

Sholawat saha salam boten kesupen kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun nyampurnakaken agama islam ing donya menika. Mugi-mugi mbenjing kita saged angsal syafa'at saking Kanjeng Nabi. Aamiin  allahumma aamiin.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka pengurus pesarean ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng warga dhukuh Pesaren Krajan, Pesaren Kidul, Pesaren Lor lan Mijen. Ingkang kersa nyengkuyung kegiyatan haul ingkang dipunwontenaken saben taun. Sinaosa boten wonten peraturan tertulis bab haul utawi langkung akrab sinebut nyadran.  

Para rawuh ingkang kula hormati,
Ing kepengurusan makam Desa  Pesaren kula minangka Sekertaris. Dene ketuwanipun Bapak Mudzakir. Lajeng Bendaharanipun Bapak Nur Cahyo. Minangka buka kunci makam Arsa Yudha sakmenika Bapak Dempet. Sejatosipun menawi bendahara cepenganipun arta. Nanging saben kula nyuwun pirsa dhateng Pak Nur Cahyo, angsal pinten yuta Mas? Wangsulanipun setunggal ewu mawon boten wonten. Sumangga saben kemis wage kothak infaqe dipunlebeti arta. Supados wonten pedamelan kagem Bendahara. Lajeng menawi wonten kulawarganipun Panjenengan ingkang seda, urusanipun kaliyan Bapak Dempet.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Sumangga mangke sareng-sareng dipunsemak, sejatosipun makna haul menika menapa. Ingkang samangke badhe dipunjlentrehaken dening Rama Kyai Ikhwan. Cekap semanten atur saking kula. Kathahing lepat anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar