Minggu, 12 April 2015

Sesorah Sambutan Sesepuh Desa ing Adicara Sedhekah Bumi (Pidato Sambutan Orang yang Dituakan di Desa di Acara Sedhekah Bumi)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Para Alim Ulama' Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu sekalian
Ingkang kula tresnani Adik-adik sedaya

Puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha suci sarta Maha Welas Asih. Ingkang ndamel gesang kita padhang amargi angsal pitedah saking Allah SWT. Sholawat saha salam katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun nyampurnakaken akhlak para ummatipun. Saengga alhamdulillah kita saged mbentenaken pundi perkawis ingkang sae lan pundi perkawis ingkang awon. Mugi-mugi kita sedaya mbenjing saged angsal syafa'atipun Kanjeng Nabi. Aamiin.

Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah
Kalawau siyang Bapak Ketua RT sowan dhateng griya kula. Ngendikanipun supados ndalu menika kula atur sesorah bab sedhekah bumi. Gandheng dipunsuwuni tulung, inggih sampun kula tak matur sak saged-sagedipun kula. Sakderengipun kula matur nuwun sanget dhumateng Para Bapak, ibu lan adik-adik ingkang sampun rekasa mbekta golong damel slametan sedhekah bumi. Mugi-mugi amal sae Panjenengan sedaya dipuntampi Allah SWT. Aamiin.

Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah
Kenging menapa kok kita sedaya kedah repot-repot ngawontenaken sedhekah bumi? Pramila ing njawi mrika wonten tiyang ingkang menggalih, sedhekah bumi menika adat jawa kemawon. Haram dipuntindakaken. Sedhekah bumi menika boten wonten paedahipun. Bapak, Ibu, sedhekah bumi menika boten haram, saestu. Malah sae sanget dipuntindakaken. Buminipun dipunsalameti, supados Allah tansah nukhulaken pangan saking bumi. Supados kita sedaya pinaringan kawilujengan nir ing sambikala. Sedhekah bumi menika ugi minangka wujud raos syukur kita dhumateng Allah SWT. Alhamdulillah kita sedaya saged gesang makmur, gemah ripah loh jinawi boten kirang pangan. Para tani asil panen pantunipun sami bagus-bagus. Sanajan buminipun dipunpaculi, dipunidak-idak, dipunturasi, dipunboboti, ananging bumi kanthi ikhlas tetep purun nukulaken pelem, enceh, duren, nangka, semangka, lan sakpanunggalipun kangge para menungsa. 

Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah,
Minangka wujud raos syukur kita dhateng Allah SWT, buminipun sumangga kita reksa sareng-sareng. Menawi mbetahaken kayu, anggenipun negor wit sakcekapipun kemawon. Sampun ngantos alasipun dipungundhuli. Mangke ndadosaken bebaya tumrap menungsa piyambak. Menawi alasipun gundhul, ilinipun toya jawah boten kaserep kanthi sampurna lan ndadosaken banjir. 

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi kanthi sedhekah bumi menika kita sedaya pinaringan kawilujengan saking Allah SWT, saha saged ngundhakaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT. Matur nuwun kagem kawigatosanipun. Kathah kalepatanipun atur, kula nyuwun pangapunten.

Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.    


Tidak ada komentar:

Posting Komentar