Senin, 30 Maret 2015

Sesorah Sambutan Ketua Osis ing ndalem Adicara Isra' Mi'raj Nabi Muhammad SAW (Pidato Sambutan Ketua Osis di Acara Isra' Miraj Nabi Muhammad SAW)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kepala SMK N 1 Batang
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu Guru SMK N 1 Batang
Ingkang kula hormati Para Staf Tata Usaha SMK N 1 Batang
Ingkang kula tresnani Para Pengurus OSIS lan Sedaya Siswa SMK N 1 Batang

Ingkang wiwitan sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha welas lan Maha Asih. Ingkang sampun paring nikmat iman, islam, kasarasan, fisik ingkang sampurna dhumateng kita sedaya. Saengga alhamdulillah anggenipun urip ing alam donya menika dipunparingi gampil.

Sholawat saha salam katur dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi kanthi ngathahi sholawat, kula lan Panjenengan mbenjing saged pikantuk syafa'at saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Allahumma aamiin. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka ketua OSIS ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah. Ingkang sampun paring ijin dhumateng pengurus OSIS kagem ngawontenaken kegiyatan pengaosan Isra' Mi'raj menika. Kula ugi matur nuwun dhumateng Para pengurus OSIS ingkang sampun purun mbiyantu kegiyatan pengaosan menika. Mugi-mugi sedaya amal sae Panjenengan pikantuk piwales ingkang langkung sae saking Allah SWT. Aamiin ya Robbal 'alamiin.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Wontenipun pengaosan Isra' Mi'raj ing SMK N 1 Batang, mugi-mugi saged nambah sae ruhani warga SMK N 1 Batang. Mugi-mugi saged nambah sae akhlak para siswa sedaya. Mliginipun mugi-mugi saged ngelingaken dhumateng kita anggenipun ngelampahi jejibahan sholat gangsal wekdal. Menawi para siswa sedaya sampun jangkep anggenipun sholat gangsal wekdal, insya Allah prestasi SMK N 1 Batang saged langkung sae. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Sumangga mauidhoh hasanah saking Rama Kyai Habib Lutfi kula lan Panjenengan mirengaken saha semak. Lan saksampunipun wangsul pengaosan ilmunipun saged kita amalaken. Cekap semanten atur saking kula. Kupat duduhe santen. Menawi lepat kula nyuwun pangapunten.

Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb.  

        

Tidak ada komentar:

Posting Komentar