Alhamdulillahi robbil 'aalamiin. Wabihii nasta'iin. Wa'alaa umuuriddunyaa waddiin. Wassholaatu wassalaamu 'alaa ashrofil ambiyaaiwal mursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'iin. Ammaa ba'du.
Ingkang dhahat kinurmatan Rama Kyai Ikhwan
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Bapak-bapak saha Ibu-ibu sekalian
Ingkang kula welasi adik-adik, Para Muda lan Sedaya Warga Desa Pesaren
Puji syukur kita aturaken dhumateng Allah SWT ingkang Maha Sugih lan Maha Welas asih. Ingkang sampun paring kathah pinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya. Saengga ngantos wekdal sakmenika alhamdulillah kita saged kuwarasan lan saged makempal ing papan panggenan menika. Sholawat saha salam katur dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun ngupayakaken jumenengipun agama islam ing alam donya menika. Mugi-mugi kita saged nuladani tumindakipun Kanjeng nabi.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka Kepala Desa ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng sedaya warga desa Pesaren. Ingkang sampun kersa nderek kegiyatan haul menika. Mugi-mugi amal sae Panjenengan dipun etang ibadah saking Allah SWT. Aamiin ya robbal 'aalamiin. Ing kalodhangan menika kula badhe ngrembag babagan haul ing desa kita. Kegiyatan Haul ingkang sampun lumampah saben taun saestu sampun sae sanget. Ananging menapa inggih ngantos mbenjing badhe mekaten kemawon? Tamtunipun kita kepengin ingkang langkung sae. Salah setunggalipun kanthi nyumadyakaken panggenan ingkang sae kagem dedonga. Mugi-mugi ancang-ancang ndamel aula wonten ing ngajeng makam saged enggal kaleksanan. Samangke wontenipun aula salah setunggalipun kagem kegiyatan haul. Sejatosipun uneg-uneg mbangun aula menika sampun wonten sakderengipun kula dados kepala desa. Lajeng kalawau ingkang dipun aturaken pengurus makam perkawis patok lemah makam, sumangga sesulih saking pengurus makam, rawuh dhateng balai desa kepanggih Bapak Carik. Ing mrika sedaya sampun wonten cathetanipun.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Semanten ingkang saged kula aturaken. Kathah kalepatanipun atur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar