Sabtu, 18 April 2015

Sesorah saking Kulawarga Calon Penganten Kakung ing Adicara Liru Kalpika (Sambutan dari Keluarga Calon pengantin Laki-laki di Acara Tukar Cincin atau Tunangan)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Taryadi Sakulawarga
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para kadang, Para Muda lan Adik-adik sedaya

Minangka purwakaning atur, sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang Maha Agung, ingkang paring berkah ing ndalem gesang, saengga alhamdulillah kita sedaya saged kempal manunggal kanthi raharja tebih ing sambekala. Sholawat saha salam ugi kita aturaken dhumateng nabi agung Nabi Muhammad SAW. Ingkang kita tengga-tengga syafa'atipun mbenjing ing dinten kiyamat. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Sakderengipun kula minangka sulih salira saking Bapak Amat Taliroso sakulawarga ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Bapak Taryadi sakulawarga ingkang sampun paring papan palenggahan saha pasugatan ingkang sae sanget dhumateng kita sedaya. Saha kula ngaturaken matur nuwun ugi dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa tindak ing adicara ndalu menika.

Para rawuh ingkang kul hormati,
Kul sak rombongan saking Bapak Amat Taliroso sakulawarga tebih-tebih saking desa Sambong Kebrok sowan dhateng dalemipun Bapak Taryadi sakulawarga saperlu badhe silaturahim. Lajeng ingkang kaping kalih badhe naleni putra pambajengipun Bapak Taryadi ingkang asma Nok Ayu Supriyati. Minangka pratandha miwah tetenger bilih Nok Ayu Supriyati sakmenika sampun wonten ingkang gadhah inggih menika Nak Bagus Laras Budiarto. Sumangga kula suwun Nok Ayu Supriyati madhep kula saperlu nampi tandha liru kalpika saking Nak Bagus Laras Budiarto. Kanthi tandha liru kalpika menika bilih calon penganten kakung saha calon penganten putri kekalihipun tansah asah, asih, asuh, boten kengguh ing godha sakdangunipun nengga wekdal ijab dumugi ingkang insya Allah setaun malih.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Menika ingkang saged kula aturaken. Kirang langkungipun kula nyuwun angunging pangaksami.
Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.     


Tidak ada komentar:

Posting Komentar