Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin. Robbishrohlii shodrii wayassirlii amrii wahlul uqdatammillisaani yafqohuu qohulii aamiin.
Ingkang kula hormati Para Ketua RT
Ingkang kula hormati Para Bapak lan Para Kadang ingkang rawuh ing rapat rutinan menika
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha Welas Asih lan Maha Sugih. Ingkang boten eman-eman paring kathah kenikmatan dhumateng kita sedaya. Saengga alhamdulillah ngantos wekdal sakmenika kula lan Panjenengan pinaringan kasugengan. Sholawat saha salam boten kesupen kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi mbenjing kita angsal pitulunganipun Kanjeng Nabi ing dinten kiyamat. Aamiin Allahumma aamiin.
Para rawuh ingkang minulya,
Sekedhap malih wonten pahargyan pitulasan. Ing desa kita badhe ngawontenaken lomba griya sehat. Sakderengipun ngrembag lombanipun, kula kepengin matur bab karesikan. Sejatosipun karesikan menika paedahipun ageng sanget. Dipunwiwiti saking karesikan badan. Mangke mrembet ing karesikan griya. Ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan lomba griya sehat.
Resik-resik badan menika antawisipun siram ingkang teratur. Saksampunipun wungu enjing, enggal-enggal siram. Badanipun dipunkosok lan dipunsabuni. Rikmanipun dipunkramasi. Lajeng gantos rasukan ingkang resik. Boten susah eman-eman. Sakdangunipun sare, Panjenengan menika kringetan, kelekipun kecut, nuwun sewu inggih medal ileripun. Menawi bakda siram kok rasukan ingkang dipunagem nalika sare dipunagem malih, inggih mambet kecut ingkang nempel ing rasukan boten ical.
Menawi badanipun sampun resik, kantun manahipun dipunresiki, dipuntata. Upayanipun kados pundi? Saksampunipun siram lajeng wudhu. Sakdangunipun makarya sedinten tansah eling dhumateng Allah SWT. Kanthi dzikir, maos istighfar, maos sholawat, ingkang sae kaliyan Ibu Bapakipun. Menawi manahipun sampun resik, insya Allah dalemipun Panjenengan dipunjamin resik. Lho...kok saged mekaten? Lha inggih, menawi manahipun sampun resik, Panjenengan dados sregep. Panjenengan dados kersa nyapu, ngepel, umbah-umbah, asah-asah. Samangke dalemipun Panjenengan boten kraos dados resik, wangi, lan nyaman dipunpanggeni. Nuwun sewu menawi Panjenengan nyapu, dipun niyati ngresiki manah. Niyat ingsun nyapu, nresiki manah kula, paringana Panjenengan paring ridho. Saengga nyapunipun saged sekeca lan ikhlas. Para Bapak, mangke kondur saking rapat, garwanipun dipuntulari ilmunipun resik-resik inggih Pak.
Para rawuh ingkang minulya,
Wangsul malih dhateng lomba griya sehat. Kangge kegiyatan lomba menika, saben dhusun dipunsuwun supados wonten kalih dalem ingkang dipunlombakaken griya sehat. Lombanipun wiwit tanggal 1 Agustus dumugi 15 Agustus. Samangke saking dewan juri badhe mbiji sakdangunipun kalih minggu menika. Pramila dalem ingkang dipunlombakaken dipun jagi karesikanipun saking tanggal 1 Agustus ngantos 15 Agustus. Sumangga mangke Para Ketua RT dipunrembag, dalemipun sinten ingkang kinten-kinten pantes dipunlombakaken. Ing pangajab mugi-mugi saking dhusun Pesaren saged dados juwara setunggal lomba griya sehat. Kagem Para Bapak Ketua RT, asil saking rembag dalem ingkang badhe dipunderekaken lomba, kula tengga paling dangu tanggal 20 Juli.
Para rawuh ingkang minulya,
Semanten ingkang saged kula aturaken. Kirang langkungipun kula nyuwun agungipun pangapunten.
Nuwun.
Wassalaamu'alaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar