Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Amat Taliroso Sakulawarga
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para Rawuh Kakung miwah Putri
Ingkang kula tresnani Adik-adik sedaya
Ingkang wiwitan sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang Maha Agung. Awit saking rohmat saha barokahipun ingkang tansah kaparingaken dhumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal manunggal ing ndalu menika kanthi raharja tebih ing sambekala. Sholawat saha salam konjuk dhumateng nabi agung Nabi Muhammad SAW. Ingkang tansah dados patuladhan kita ing ndalem gesang. Mugi-mugi mbenjing kita sedaya saged pikantuk syafa'atipun Kanjeng Nabi. Aamiin.
Para lenggah kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan,
Kula minangka sulih salira saking Bapak Taryadi sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapak Amat Taliroso sak rombongan. Ingkang sampun kersa sowan dhateng mriki. Bapak Taryadi sakulawarga ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para rawuh sedaya. Sumangga para rawuh kasuwun lelenggahan kanthi mardikaning penggalih.
Para lenggah kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan,
Saestu Nok Ayu Supriyati dereng wonten ingkang nggadhahi kejawi Nak Bagus Laras Budiarto. Alhamdulillah Nok Ayu Supriyati dipunparingi celak jodhonipun. Inggih mugi-mugi saged dados garwanipun Nak Bagus Laras Budiarto ingkang sae. Sakmenika Bapak Taryadi sakulawarga ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Bapak Amat Taliroso ingkang sampun kersa paring tandha tali asih kagem Nok Ayu Supriyati. Ing pangajab mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang ami ginayuh. Mugi-mugi ing wekdal ingkang sae Nok Ayu Supriyati kaliyan Nak Bagus Laras Budiarto saged hanglampahi pikrama.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Kathahing kalepatan atur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun.
Wassalaamu'alaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar