Ingkang dhahat kinurmatan Para Bapak saha Ibu Camat
Ingkang kula hormati Para Ibu-ibu PKK
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu sekalian
Ingkang kula tresnani adik-adik lan sedaya ingkang nderek upacara dinten Kartini
Puji syukur kita aturaken ing ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha Welas Asih lan Maha 'Alim. Ingkang kersa ilmu dhumateng kita. Saengga saged damel sangu gesang kita ing alam donya. Sholawat saha salam kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanthi sifat fatonah utawi cerdasipun Kanjeng Nabi, alhamdulillah kita saged ngraosaken nikmatipun agama islam. Mugi-mugi mbenjing kita saged dipun anggep ummatipun Kanjeng Nabi. Aamiin.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka Bupati Batang ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Panjenengan sedaya. Ingkang kersa nglodhangaken wekdalipun kagem tumut upacara dinten Kartini. Ingkang boten saged tumut upacara amargi taksih gerah, mugi-mugi enggal dhangan. Ingkang taksih wonten urusan, mugi-mugi dipunparingi gampil urusanipun.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Ing dinten Kartini menika, ngelingaken malih dhumateng kita kaliyan Ibu Kartini. Alhamdulillah saking perjuwangan Panjenenganipun, Para lare estri saged sekolah, gampil anggenipun pados ilmu saengga boten sami bodho. Cobi kula lan Panjenengan awang-awang, kados pundi menawi para lare estri boten sami sekolah? Pramila mbenjing dados ibu, ingkang kedah ndidik putra-putrinipun. Menawi ibunipun bodho, putranipun badhe dipunwucal menapa? Saking menika, sumangga putranipun dipunsekolahaken ingkang temen. Bapak Ibu ngersakaken sekolah ingkang kados pundi? badhe sekolah umum, sekolah islam menapa pondok pesantren? sedayanipun sampun cumawis. Panjenengan kantun milih kemawon. Lajeng menawi kangelan biaya, Panjenengan saged ngajokaken wonten Dinas Pendidikan, utawi saged pados-pados beasiswa. Wonten Bidik Misi, Supersemar, Beasiswa Jarum lan taksih kathah malih.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Kangge mengeti dinten Kartini, saking Kabupaten Batang ngawontenaken lomba-lomba. Wonten lomba masak, cerdas cermat, pidato basa Jawa, macak lan taksih kathah malih. Woro-woronipun saged Panjenengan pirsani wonten ing website Kabupaten Batang utawi ing brosur-brosur, ingkang dipuntempel wonten ing papan pengumuman Pendopo, papan pengumuman Perpustakaan umum Batang, ugi ing sekolah-sekolah.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Matur nuwun kangge kawigatosanipun. Kula nyuwun pangapunten ingkang kathah menawi wonten atur kula ingkang lepat.
Nuwun.
Wassalaamu'alaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar