Selasa, 21 April 2015

Sesorah saking Kulawarga Calon Penganten Putri ing Adicara Liru Kalpika (Sambutan dari Keluarga Calon Pengantin Putri di Acara Tukar Cincin atau Tunangan)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Amat Taliroso Sakulawarga
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para Rawuh Kakung miwah Putri
Ingkang kula tresnani Adik-adik sedaya

Ingkang wiwitan sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang Maha Agung. Awit saking rohmat saha barokahipun ingkang tansah kaparingaken dhumateng kita sedaya, saengga kita saged kempal manunggal ing ndalu menika kanthi raharja tebih ing sambekala. Sholawat saha salam konjuk dhumateng nabi agung Nabi Muhammad SAW. Ingkang tansah dados patuladhan kita ing ndalem gesang. Mugi-mugi mbenjing kita sedaya saged pikantuk syafa'atipun Kanjeng Nabi. Aamiin.

Para lenggah kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan,
Kula minangka sulih salira saking Bapak Taryadi sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh dhumateng Bapak Amat Taliroso sak rombongan. Ingkang sampun kersa sowan dhateng mriki. Bapak Taryadi sakulawarga ugi ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para rawuh sedaya. Sumangga para rawuh kasuwun lelenggahan kanthi mardikaning penggalih.

Para lenggah kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan,
Saestu Nok Ayu Supriyati dereng wonten ingkang nggadhahi kejawi Nak Bagus Laras Budiarto. Alhamdulillah Nok Ayu Supriyati dipunparingi celak jodhonipun. Inggih mugi-mugi saged dados garwanipun Nak Bagus Laras Budiarto ingkang sae. Sakmenika Bapak Taryadi sakulawarga ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Bapak Amat Taliroso ingkang sampun kersa paring tandha tali asih kagem Nok Ayu Supriyati. Ing pangajab mugi-mugi lekas wekasing sedya saged kasembadan ingkang ami ginayuh. Mugi-mugi ing wekdal ingkang sae Nok Ayu Supriyati kaliyan Nak Bagus Laras Budiarto saged hanglampahi pikrama.

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Kathahing kalepatan atur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.   

Sabtu, 18 April 2015

Sesorah saking Kulawarga Calon Penganten Kakung ing Adicara Liru Kalpika (Sambutan dari Keluarga Calon pengantin Laki-laki di Acara Tukar Cincin atau Tunangan)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Taryadi Sakulawarga
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para kadang, Para Muda lan Adik-adik sedaya

Minangka purwakaning atur, sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang Maha Agung, ingkang paring berkah ing ndalem gesang, saengga alhamdulillah kita sedaya saged kempal manunggal kanthi raharja tebih ing sambekala. Sholawat saha salam ugi kita aturaken dhumateng nabi agung Nabi Muhammad SAW. Ingkang kita tengga-tengga syafa'atipun mbenjing ing dinten kiyamat. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Sakderengipun kula minangka sulih salira saking Bapak Amat Taliroso sakulawarga ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Bapak Taryadi sakulawarga ingkang sampun paring papan palenggahan saha pasugatan ingkang sae sanget dhumateng kita sedaya. Saha kula ngaturaken matur nuwun ugi dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa tindak ing adicara ndalu menika.

Para rawuh ingkang kul hormati,
Kul sak rombongan saking Bapak Amat Taliroso sakulawarga tebih-tebih saking desa Sambong Kebrok sowan dhateng dalemipun Bapak Taryadi sakulawarga saperlu badhe silaturahim. Lajeng ingkang kaping kalih badhe naleni putra pambajengipun Bapak Taryadi ingkang asma Nok Ayu Supriyati. Minangka pratandha miwah tetenger bilih Nok Ayu Supriyati sakmenika sampun wonten ingkang gadhah inggih menika Nak Bagus Laras Budiarto. Sumangga kula suwun Nok Ayu Supriyati madhep kula saperlu nampi tandha liru kalpika saking Nak Bagus Laras Budiarto. Kanthi tandha liru kalpika menika bilih calon penganten kakung saha calon penganten putri kekalihipun tansah asah, asih, asuh, boten kengguh ing godha sakdangunipun nengga wekdal ijab dumugi ingkang insya Allah setaun malih.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Menika ingkang saged kula aturaken. Kirang langkungipun kula nyuwun angunging pangaksami.
Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.     


Sesorah Atur Panampi saking Kulawarga Penganten Putri (Pidato Penerimaan dari Keluarga Pengantin Wanita)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin. Wabihii nasta'in. Wa'alaa umuuriddunya waddin. Wassholaatu wassalaamu 'alaa asyrofil ambiyaai walmursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'in. Ammaa ba'du. 

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Ustadz Zaenuddin saha Bapak Amat Taliroso sakulawarga
Ingkang kula hormati Para alim ulama' ingkang wonten ing papan palenggahan menika
Ingkang kula hormati Para rawuh kakung saha putri ingkang bagya mulya

Puji syukur sumangga kita aturaken wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha Suci lan Maha Welas Asih. Ingkang enjing sonten tansah paring pitedah dhumateng kita sedaya. Supados tindak lampahipun kita wonten ing dalan ingkang haq. Sholawat saha salam konjuk dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang dados patuladhan kita sedaya. Mugi-mugi mbenjing saged angsal syafa'atipun Kanjeng Nabi. Aamiin.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kalawau Bapak Ustadz Zaenuddin sampun atur pasrah penganten kakung. Sakmenika kula mengku dhawuh saking Bapak Taryadi sakulawarga badhe atur panampi. Bapak Ustadz Zaenuddin, kanthi bingahing manah kula tampi Nak Bagus Laras Budiarto. Sanajan Nak Bagus Laras Budiarto menika putra mantu, ananging insya Allah Bapak Taryadi sakulawarga nganggep Nak Bagus Laras Budiarto menika kados dene putranipun piyambak. Insya Allah boten badhe mbenten-mbentenaken ing bab menapa kemawon. Bapak Taryadi sakulawarga ugi nyuwun pangapunten dhumateng Bapak Amat Taliroso sakulawarga saking kekiranganipun Nok Ayu Supriyati ing ndalem pikrama. Insya Allah Nok Ayu Supriyati kanthi bingahing manah purun dipunwucal garwanipun, nun inggih Nak Bagus Laras Budiarto.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi penganten kekalih saged gesang guyup rukun, sih kinasih, lan enggal dipunparingi momongan.

Uusiikum wanafsii bitaqwallah.
Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.    

Rabu, 15 April 2015

Sesorah Atur Pasrah Saking Kulawarga Penganten Kakung (Pidato Penyerahan dari Keluarga Pengantin Laki-laki)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin. Wassholaatu wassalaamu 'alaa asyrofil ambiyaai walmursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'iin. Ammaa ba'du.

Ingkang dhahat kinurmatan Para alim 'ulama'
Ingkang kula hormati kulawarga saking penganten putri
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu sekalian
Ingkang kula tresnani Para Kadang lan Adik-adik sedaya

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha Kuwasa lan Maha Welas Asih. Ingkang sampun ndamel kita sedaya pepasangan. Saengga saged bagya mulya gesang ing alam donya, alhamdulillah. Sholawat saha salam katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun paring tuladha ingkang sae sanget ing ndalem pikrama. Kados pundi Panjenenganipun paring welas asih dhumateng garwanipun. Ugi anggenipun ndamel bingah manahipun Siti Khodijah. Mugi-mugi kita sedaya saged nuladha tindak lampahipun Kanjeng Nabi. Lan mugi-mugi mbenjing ing dinten pungkasan kita sedaya saged pikantuk syafa'atipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Aamiin Allaahumma aamiin. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Sakderengipun kula aturaken sugeng dhaup dhumateng Nak Bagus Laras Budiarto kaliyan Nok Ayu Supriyati. Mugi-mugi wiwit dinten menika ngantos pungkasanipun gesang ing alam donya tnsah linuberan rahmat saha berkah saking Allah SWT. Bapak saha Ibu, kula minangka sesulih saking kulawarga penganten kakung badhe atur pasrah Nak Bagus Laras Budiarto dhumateng kulawarga penganten putri. Bapak Taryadi sekaliyan, menika Bapak Amat Taliroso sakulawarga masrahaken putranipun nun inggih Nak Bagus Laras Budiarto. Nuwun sewu kanthi andhap ashoring manah kersaha Bapak Taryadi sakulawarga nampi Nak Bagus Laras Budiarto. Menawi anggenipun Nak Laras Budiarto sholat jama'ah dhateng masjid utawi musholla kok kendho, nyuwun tulung Bapak Taryadi kersa ngelingaken. Semanten ugi menawi anggenipun paring nafkah lahir saha batin dhateng Nok Ayu Supriyati kok wonten kekiranganipun, nyuwun tulung Nak Laras Budiarto dipunwulang inggih Pak. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Matur nuwun kagem sedaya kawigatosanipun. Kupat jangane santen, menawi lepat kula nyuwun pangapunten. 

Uusiikum wanafsii bitaqwallah
Nuwun
Wassalaamu'alaikum wr.wb.   

Minggu, 12 April 2015

Sesorah Sambutan Sesepuh Desa ing Adicara Sedhekah Bumi (Pidato Sambutan Orang yang Dituakan di Desa di Acara Sedhekah Bumi)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Para Alim Ulama' Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu sekalian
Ingkang kula tresnani Adik-adik sedaya

Puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha suci sarta Maha Welas Asih. Ingkang ndamel gesang kita padhang amargi angsal pitedah saking Allah SWT. Sholawat saha salam katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun nyampurnakaken akhlak para ummatipun. Saengga alhamdulillah kita saged mbentenaken pundi perkawis ingkang sae lan pundi perkawis ingkang awon. Mugi-mugi kita sedaya mbenjing saged angsal syafa'atipun Kanjeng Nabi. Aamiin.

Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah
Kalawau siyang Bapak Ketua RT sowan dhateng griya kula. Ngendikanipun supados ndalu menika kula atur sesorah bab sedhekah bumi. Gandheng dipunsuwuni tulung, inggih sampun kula tak matur sak saged-sagedipun kula. Sakderengipun kula matur nuwun sanget dhumateng Para Bapak, ibu lan adik-adik ingkang sampun rekasa mbekta golong damel slametan sedhekah bumi. Mugi-mugi amal sae Panjenengan sedaya dipuntampi Allah SWT. Aamiin.

Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah
Kenging menapa kok kita sedaya kedah repot-repot ngawontenaken sedhekah bumi? Pramila ing njawi mrika wonten tiyang ingkang menggalih, sedhekah bumi menika adat jawa kemawon. Haram dipuntindakaken. Sedhekah bumi menika boten wonten paedahipun. Bapak, Ibu, sedhekah bumi menika boten haram, saestu. Malah sae sanget dipuntindakaken. Buminipun dipunsalameti, supados Allah tansah nukhulaken pangan saking bumi. Supados kita sedaya pinaringan kawilujengan nir ing sambikala. Sedhekah bumi menika ugi minangka wujud raos syukur kita dhumateng Allah SWT. Alhamdulillah kita sedaya saged gesang makmur, gemah ripah loh jinawi boten kirang pangan. Para tani asil panen pantunipun sami bagus-bagus. Sanajan buminipun dipunpaculi, dipunidak-idak, dipunturasi, dipunboboti, ananging bumi kanthi ikhlas tetep purun nukulaken pelem, enceh, duren, nangka, semangka, lan sakpanunggalipun kangge para menungsa. 

Para rawuh ingkang dipunrahmati Allah,
Minangka wujud raos syukur kita dhateng Allah SWT, buminipun sumangga kita reksa sareng-sareng. Menawi mbetahaken kayu, anggenipun negor wit sakcekapipun kemawon. Sampun ngantos alasipun dipungundhuli. Mangke ndadosaken bebaya tumrap menungsa piyambak. Menawi alasipun gundhul, ilinipun toya jawah boten kaserep kanthi sampurna lan ndadosaken banjir. 

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi kanthi sedhekah bumi menika kita sedaya pinaringan kawilujengan saking Allah SWT, saha saged ngundhakaken raos syukur kita dhumateng Allah SWT. Matur nuwun kagem kawigatosanipun. Kathah kalepatanipun atur, kula nyuwun pangapunten.

Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.    


Rabu, 08 April 2015

Sesorah Sambutan Ketua RW ing ndalem Acara Rapat Rutinan (Pidato Sambutan Ketua RW di Acara Rapat Rutinan)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin. Robbishrohlii shodrii wayassirlii amrii wahlul uqdatammillisaani yafqohuu qohulii aamiin.

Ingkang kula hormati Para Ketua RT
Ingkang kula hormati Para Bapak lan Para Kadang ingkang rawuh ing rapat rutinan menika

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha Welas Asih lan Maha Sugih. Ingkang boten eman-eman paring kathah kenikmatan dhumateng kita sedaya. Saengga alhamdulillah ngantos wekdal sakmenika kula lan Panjenengan pinaringan kasugengan. Sholawat saha salam boten kesupen kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi-mugi mbenjing kita angsal pitulunganipun Kanjeng Nabi ing dinten kiyamat. Aamiin Allahumma aamiin. 

Para rawuh ingkang minulya,
Sekedhap malih wonten pahargyan pitulasan. Ing desa kita badhe ngawontenaken lomba griya sehat. Sakderengipun ngrembag lombanipun, kula kepengin matur bab karesikan. Sejatosipun karesikan menika paedahipun ageng sanget. Dipunwiwiti saking karesikan badan. Mangke mrembet ing karesikan griya. Ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan lomba griya sehat. 

Resik-resik badan menika antawisipun siram ingkang teratur. Saksampunipun wungu enjing, enggal-enggal siram. Badanipun dipunkosok lan dipunsabuni. Rikmanipun dipunkramasi. Lajeng gantos rasukan ingkang resik. Boten susah eman-eman. Sakdangunipun sare, Panjenengan menika kringetan, kelekipun kecut, nuwun sewu inggih medal ileripun. Menawi bakda siram kok rasukan ingkang dipunagem nalika sare dipunagem malih, inggih mambet kecut ingkang nempel ing rasukan boten ical. 

Menawi badanipun sampun resik, kantun manahipun dipunresiki, dipuntata. Upayanipun kados pundi? Saksampunipun siram lajeng wudhu. Sakdangunipun makarya sedinten tansah eling dhumateng Allah SWT. Kanthi dzikir, maos istighfar, maos sholawat, ingkang sae kaliyan Ibu Bapakipun. Menawi manahipun sampun resik, insya Allah dalemipun Panjenengan dipunjamin resik. Lho...kok saged mekaten? Lha inggih, menawi manahipun sampun resik, Panjenengan dados sregep. Panjenengan dados kersa nyapu, ngepel, umbah-umbah, asah-asah. Samangke dalemipun Panjenengan boten kraos dados resik, wangi, lan nyaman dipunpanggeni. Nuwun sewu menawi Panjenengan nyapu, dipun niyati ngresiki manah. Niyat ingsun nyapu, nresiki manah kula, paringana Panjenengan paring ridho. Saengga nyapunipun saged sekeca lan ikhlas. Para Bapak, mangke kondur saking rapat, garwanipun dipuntulari ilmunipun resik-resik inggih Pak.

Para rawuh ingkang minulya,
Wangsul malih dhateng lomba griya sehat. Kangge kegiyatan lomba menika, saben dhusun dipunsuwun supados wonten kalih dalem ingkang dipunlombakaken griya sehat. Lombanipun wiwit tanggal 1 Agustus dumugi 15 Agustus. Samangke saking dewan juri badhe mbiji sakdangunipun kalih minggu menika. Pramila dalem ingkang dipunlombakaken dipun jagi karesikanipun saking tanggal 1 Agustus ngantos 15 Agustus. Sumangga mangke Para Ketua RT dipunrembag, dalemipun sinten ingkang kinten-kinten pantes dipunlombakaken. Ing pangajab mugi-mugi saking dhusun Pesaren saged dados juwara setunggal lomba griya sehat. Kagem Para Bapak Ketua RT, asil saking rembag dalem ingkang badhe dipunderekaken lomba, kula tengga paling dangu tanggal 20 Juli.

Para rawuh ingkang minulya,
Semanten ingkang saged kula aturaken. Kirang langkungipun kula nyuwun agungipun pangapunten.

Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.
  





Selasa, 07 April 2015

Sesorah Sambutan Bupati ing ndalem Upacara Dinten Kartini (Pidato Sambutan Bupati di dalam Upacara Hari Kartini)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Para Bapak saha Ibu Camat
Ingkang kula hormati Para Ibu-ibu PKK
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu sekalian
Ingkang kula tresnani adik-adik lan sedaya ingkang nderek upacara dinten Kartini

Puji syukur kita aturaken ing ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha Welas Asih lan Maha 'Alim. Ingkang kersa ilmu dhumateng kita. Saengga saged damel sangu gesang kita ing alam donya. Sholawat saha salam kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kanthi sifat fatonah utawi cerdasipun Kanjeng Nabi, alhamdulillah kita saged ngraosaken nikmatipun agama islam. Mugi-mugi mbenjing kita saged dipun anggep ummatipun Kanjeng Nabi. Aamiin.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka Bupati Batang ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Panjenengan sedaya. Ingkang kersa nglodhangaken wekdalipun kagem tumut upacara dinten Kartini. Ingkang boten saged tumut upacara amargi taksih gerah, mugi-mugi enggal dhangan. Ingkang taksih wonten urusan, mugi-mugi dipunparingi gampil urusanipun.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Ing dinten Kartini menika, ngelingaken malih dhumateng kita kaliyan Ibu Kartini. Alhamdulillah saking perjuwangan Panjenenganipun, Para lare estri saged sekolah, gampil anggenipun pados ilmu saengga boten sami bodho. Cobi kula lan Panjenengan awang-awang, kados pundi menawi para lare estri boten sami sekolah? Pramila mbenjing dados ibu, ingkang kedah ndidik putra-putrinipun. Menawi ibunipun bodho, putranipun badhe dipunwucal menapa? Saking menika, sumangga putranipun dipunsekolahaken ingkang temen. Bapak Ibu ngersakaken sekolah ingkang kados pundi? badhe sekolah umum, sekolah islam menapa pondok pesantren? sedayanipun sampun cumawis. Panjenengan kantun milih kemawon. Lajeng menawi kangelan biaya, Panjenengan saged ngajokaken wonten Dinas Pendidikan, utawi saged pados-pados beasiswa. Wonten Bidik Misi, Supersemar, Beasiswa Jarum lan taksih kathah malih. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kangge mengeti dinten Kartini, saking Kabupaten Batang ngawontenaken lomba-lomba. Wonten lomba masak, cerdas cermat, pidato basa Jawa, macak lan taksih kathah malih. Woro-woronipun saged Panjenengan pirsani wonten ing website Kabupaten Batang utawi ing brosur-brosur, ingkang dipuntempel wonten ing papan pengumuman Pendopo, papan pengumuman Perpustakaan umum Batang, ugi ing sekolah-sekolah.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Matur nuwun kangge kawigatosanipun. Kula nyuwun pangapunten ingkang kathah menawi wonten atur kula ingkang lepat.

Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.  

Sabtu, 04 April 2015

Sesorah Sambutan Pamangku Gati ing ndalem Adicara Halal Bihalal (Pidato Sambutan Shohibul Bait di Acara Halal Bihalal)

Assalaamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillaahi robbil 'aalamiin.

Innalhamdalillahi nahmaduhuu wanasta'iinuhuu wanastaghfiruhuu, wana'uudzubillaahi minsyuruuri anfusinaa waminsayyiaati a'maalinaa, man yahdihillahu falaa mudzillalahu waman yudlil falaa haadiyalah, asyhadu anlaa ilaaha illallah wahdahuu laa syarii kalah, wa asyhadu anna muhammadan 'abduhuu warosuuluh. ammaa ba'du.

Ingkang dhahat kinurmatan Kepala Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash
Ingkang kula hormati Para Ustadz saha Ustadzah Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula tresnani Sedaya Alumni Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash

Langkung rumiyin sumangga kita aturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha Pangapunten lan Maha Welas Asih. Mugi-mugi ing dinten riyaya menika sedaya dosa kita dipun ngapunten dening Allah SWT. Mugi-mugi kanthi badan ingkang kasarasan menika kita tansah sregep anggenipun ngibadah lan makarya.

Sholawat saha salam katur dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW. Ingkang tansah nuladhani kita supados gadhah manah ingkang gampil paring pangapunten. Kados cariyos ingkang nate kula lan Panjenengan mireng, sanadyan Kanjeng nabi dipun ala-ala Panjenenganipun tetep kersa ndulang simbah-simbah ingkang wuta ingkang ngala-ala Kanjeng nabi. Mugi-mugi ing dinten qiyamat kita saged angsal syafa'atipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Aamiin Allahumma aamiin.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka pamangku gati ngaturaken sugeng riyadi. Mugiya ing dinten ingkang suci menika kita saged paring pangapunten dhateng sesami. Kula ugi ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa tumut adicara halal bihalal ing griya kula. Kejawi saking menika kula ugi nyuwun pangapuntenipun ingkang kathah mbok bilih anggen kula sakulawarga paring pasugatan lan nyumadyakaken papan panggenan kirang sekeca ing penggalihipun Panjenengan sedaya.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kados kasunyatan ingkang wonten alhamdulillah adicara halal bihalal kulawarga ageng Alumni Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash sampun saged lumampah kanthi lancar saben taunipun. Mugi-mugi kawontenanipun kas alumni sansaya kathah. Saengga kita saged ngawontenaken kegiyatan sanesipun. Ingkang saged mbekta manfa'at kagem masyarakat kathah. Cekap semanten atur saking kula. Sumangga mangke mauidhoh hasanah saking Bapak Ustadz Hadzik kita mirengaken sareng-sareng. Matur nuwun kagem kawigatosanipun. Nyuwun pangapunten sedaya kalepatanipun atur.

Nuwun.

Wassalaamu'alaikum wr.wb.  



  

Jumat, 03 April 2015

Sesorah Sambutan Kepala Desa ing ndalem Adicara Haul (Pidato Sambutan Kepala desa di Acara Haul)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillahi robbil 'aalamiin. Wabihii nasta'iin. Wa'alaa umuuriddunyaa waddiin. Wassholaatu wassalaamu 'alaa ashrofil ambiyaaiwal mursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'iin. Ammaa ba'du.

Ingkang dhahat kinurmatan Rama Kyai Ikhwan
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Bapak-bapak saha Ibu-ibu sekalian
Ingkang kula welasi adik-adik, Para Muda lan Sedaya Warga Desa Pesaren

Puji syukur kita aturaken dhumateng Allah SWT ingkang Maha Sugih lan Maha Welas asih. Ingkang sampun paring kathah pinten-pinten kenikmatan dhumateng kita sedaya. Saengga ngantos wekdal sakmenika alhamdulillah kita saged kuwarasan lan saged makempal ing papan panggenan menika. Sholawat saha salam katur dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun ngupayakaken jumenengipun agama islam ing alam donya menika. Mugi-mugi kita saged nuladani tumindakipun Kanjeng nabi.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka Kepala Desa ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng sedaya warga desa Pesaren. Ingkang sampun kersa nderek kegiyatan haul menika. Mugi-mugi amal sae Panjenengan dipun etang ibadah saking Allah SWT. Aamiin ya robbal 'aalamiin. Ing kalodhangan menika kula badhe ngrembag babagan haul ing desa kita. Kegiyatan Haul ingkang sampun lumampah saben taun saestu sampun sae sanget. Ananging menapa inggih ngantos mbenjing badhe mekaten kemawon? Tamtunipun kita kepengin ingkang langkung sae. Salah setunggalipun kanthi nyumadyakaken panggenan ingkang sae kagem dedonga. Mugi-mugi ancang-ancang ndamel aula wonten ing ngajeng makam saged enggal kaleksanan. Samangke wontenipun aula salah setunggalipun kagem kegiyatan haul. Sejatosipun uneg-uneg mbangun aula menika sampun wonten sakderengipun kula dados kepala desa. Lajeng kalawau ingkang dipun aturaken pengurus makam perkawis patok lemah makam, sumangga sesulih saking pengurus makam, rawuh dhateng balai desa kepanggih Bapak Carik. Ing mrika sedaya sampun wonten cathetanipun. 

Para rawuh ingkang kula hormati,
Semanten ingkang saged kula aturaken. Kathah kalepatanipun atur, kula nyuwun agunging pangapunten. 

Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb.      

  

   

Rabu, 01 April 2015

Sesorah Sambutan Pengurus Makam ing ndalem Adicara Haul (Pidato Sambutan Pengurus Makam di Acara Haul)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillahirobbil'aalamiin. Wassholaatu wassalaamu 'alannabiyyil mursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'in. Amma ba'du.

Ingkang dhahat kinurmatan Rama Kyai Ikhwan
Ingkang dhahat kinurmatan ugi Bapak Kepala Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama' Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Bapak-bapak saha Ibu-ibu sekalian
Ingkang kula tresnani para muda lan Adik-adik sedaya

Ingkang wiwitan sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang taksih paring kalodhangan wekdal dhumateng kita kagem urip ing alam donya. Ugi ingkang tansah paring kasarasan dhumateng kita, saengga ing ndalu menika kula lan panjenengan saged makempal wonten ing adicara haul. 

Sholawat saha salam boten kesupen kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun nyampurnakaken agama islam ing donya menika. Mugi-mugi mbenjing kita saged angsal syafa'at saking Kanjeng Nabi. Aamiin  allahumma aamiin.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka pengurus pesarean ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng warga dhukuh Pesaren Krajan, Pesaren Kidul, Pesaren Lor lan Mijen. Ingkang kersa nyengkuyung kegiyatan haul ingkang dipunwontenaken saben taun. Sinaosa boten wonten peraturan tertulis bab haul utawi langkung akrab sinebut nyadran.  

Para rawuh ingkang kula hormati,
Ing kepengurusan makam Desa  Pesaren kula minangka Sekertaris. Dene ketuwanipun Bapak Mudzakir. Lajeng Bendaharanipun Bapak Nur Cahyo. Minangka buka kunci makam Arsa Yudha sakmenika Bapak Dempet. Sejatosipun menawi bendahara cepenganipun arta. Nanging saben kula nyuwun pirsa dhateng Pak Nur Cahyo, angsal pinten yuta Mas? Wangsulanipun setunggal ewu mawon boten wonten. Sumangga saben kemis wage kothak infaqe dipunlebeti arta. Supados wonten pedamelan kagem Bendahara. Lajeng menawi wonten kulawarganipun Panjenengan ingkang seda, urusanipun kaliyan Bapak Dempet.

Para rawuh ingkang kula hormati,
Sumangga mangke sareng-sareng dipunsemak, sejatosipun makna haul menika menapa. Ingkang samangke badhe dipunjlentrehaken dening Rama Kyai Ikhwan. Cekap semanten atur saking kula. Kathahing lepat anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb.