Para Sesepuh ingkang dhahat kinurmatan
Para Bapak saha sanak kadang ingkang kula hormati
Purwakaning atur, sumangga kita sami ngonjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita sedaya. Saengga kita saged makempal wonten ing papan palenggahan menika.
Para Bapak ingkang kula hormati
Kula minangka pamangku gati, ngaturaken matur sembah nuwun kagem rawuhipun panjenengan sedaya. Ing adicara selapanan menika kula sakulawarga nyuwun donga pangestunipun para rawuh. Kagem kelairanipun putra pambajeng kula pun bagus Muhammad Romadhon. Mugi-mugi putra kula saged dados lare ingkang sholeh, ngabekti dhumateng tiyang sepuhipun saha anggadhahi akhlak ingkang sae. Adicara selapanan menika minangka wujud raos syukur kula sakulawarga wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring dhumateng kula putra ingkang bagus, sampurna boten kirang setunggal menapa.
Para Bapak ingkang kula hormati
Kados mekaten ingkang saged kula aturaken. Saklajengipun para rawuh kula suwun lenggah rumiyin ngantos paripurnaning adicara.
Pungkasaning atur, kula minangka pamangku gati nyuwun agunging pangaksami awit kathahing kekirangan anggenipun nampi para rawuh sedaya.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.
Katrangan:
Tegese Tembung:
1. Selapanan : duwe gawe nalika bayi umur telung puluh lima dina.
2. Purwakaning atur : Pembukane ngomong
3. Pamangku gati : Sing duwe gawe
4. Paripurnaning adicara : Rampunge acara
5. Nyuwun agunging pangaksami: Nyuwun ngapura sing akeh
6. Putra pambajeng : Anak mbarep, anak pertama
7. Pungkasaning atur : akhir kata
Tidak ada komentar:
Posting Komentar