Kamis, 26 Februari 2015

MC Maulid Nabi Muhammad SAW(Panatacara Muludan)

Assalaamu'alaikum Warohmatullaahi Wabarokaatuh
Alhamdulillahi robbil'aalamiin. Wassholaatu wassalaamu 'alaa asyrofil mursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'iin. Ammaa ba'du.

Ingkang kula hormati Bapak Kepala Desa Pesaren
Ingkang dhahat kinurmatan Rama Habib Abbas bin Abu Bakar Al Hadad
Ingkang kula hormati Para Alim ulama' Desa Pesaren
Para Bapak saha Ibu ingkang kula hormati
Saha para hadirin sedaya ingkang minulya.

Para hadirin ingkang kula  mulyakaken
Wonten ing wekdal ingkang sae menika, lan wonten ing papan panggenan ingkang barokah, keparenga kula minangka panatacara badhe maosaken reroncenipun adicara wonten ing ndalu menika.

Acara kaping setunggal pambuka
Acara kaping kalih inggih menika waosan ayat suci al qur'an
Acara kaping tiga waosan maulid simtudduror
Adicara kaping sekawan mauidhoh hasanah
Acara kaping gangsal do'a lan penutup

Minangka wiwitan, sumangga kita bikak acara menika kanthi waosan basmalah. Bismillaahir rohmaanir rohiim.

Mlebet acara kaping kalih inggih menika waosan ayat suci al qur'an. Ingkang sakmenika badhe dipun aturaken dening Bapak Munawar. Katur dhumateng Bapak Munawar kula sumanggakaken.

Acara saklajengipun waosan maulid simtudduror.

Wondene, adicara ingkang kita tengga-tengga nun inggih mauidhoh hasanah.  Ingkang sakmenika badhe dipun aturaken dening Rama Habib Abbas bin Abu Bakar Al Hadad. Katur dhumateng Rama Habib Abbas bin Abu Bakar Al Hadad kula sumanggakaken. Sholluu 'alannabii Muhammad.

Acara ingkang pungkasan inggih menika do'a. Ingkang badhe dipun aturaken dening Bapak Ustadz Hadzik H. Tasli. Katur dhumateng Bapak Ustadz Hadzik H. Tasli, kula sumanggakaken.

Kados mekaten acara muludan ing ndalu menika. Kula minangka panatacara, nyuwun agunging pangapunten, awit sekathahing kalepatan anggen kula matur.

Wassalaamu 'alaikum warohmatullaahi wabarokaatuh.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar