Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kyai Akrom Sofwan saking Pekalongan
Ingkang dhahat kinurmatan ugi Bapak Kepala Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama' Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu lan Sedaya ingkang rawuh ing Pengaosan menika
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang Maha welas lan Maha asih. Ingkang sampun paring kasarasan dhumateng kita sedaya lan ingkang sampun paring kathah rejeki dhumateng kita sedaya saengga kula lan Panjenengan dipunparingi gampil urip ing alam donya menika.
Sholawat saha salam konjuk dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW ingkang sampun ngasta kita saking zaman onta dumugi zaman toyota. Ingkang sampun ngasta kita saking zaman jahiliyah dumugi zaman islamiyyah. Mugi-mugi kita sedaya mbenjing kiyamah saged pikantuk syafa'at saking Kanjeng Nabi. Aamiin ya robbal 'aalamiin.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Kula minangka ketua panitia ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng sedaya warga Desa Pesaren ingkang sampun mbiyantu biaya kagem pengaosan isra' mi'raj menika. Mugi-mugi amal sae Panjenengan sedaya angsal piwales ingkang langkung sae saking Allah SWT. Wondene kalawingi urunan saking para warga Desa Pesaren pikantuk pitung yuta gangsal atus seket ewu rupiah. Sedaya arta menika boten namung saking dhusun Pesaren kemawon. Ananging ugi saking dhusun Mijen, Sudan, Kebaran, Kasapan lan Badulan. Matur nuwun sanget inggih Bapak lan Ibu sedaya. Pengaosan Isra' Mi'raj menika minangka kegiyatan kaping kalih ingkang dipunwontenaken lare-lare karang taruna Desa Pesaren. Kula sesulih saking karang taruna nyuwun pangapunten menawi kathah kekirangan ing ndalem pengaosan Isra' Mi'raj menika. Insya Allah ing ngajengipun kula sakanca karang taruna purun sinau terus supados saged langkung sae menawi ngawontenaken kegiyatan malih.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Semanten rumiyin ingkang saged kula aturaken. Kupat jangane santen, menawi lepat kula nyuwun pangapunten.
Nuwun.
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar