Rabu, 25 Maret 2015

Sesorah Memetri Basa Jawi ing Kulawarga (Pidato Melestarikan Bahasa Jawa di dalam Keluarga )

Assalamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Gubernur Jawa Tengah
Ingkang kula hormati Bapak Walikota Semarang
Ingkang kula hormati Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah
Ingkang kula hormati Para tamu undangan
Ingkang kula hormati Bapak saha Ibu Dewan Juri
Ingkang kula hormati Para rawuh kakung miwah putri
Boten kesupen ugi ingkang kinurmatan Para peserta lomba pidato basa Jawi

           Ingkang wiwitan, sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Alhamdulillah ngantos wekdal sakmenika kula lan panjenengan sedaya dipun paringi sehat saengga saged ngrawuhi adicara ing siyang menika kanthi boten wonten alangan setunggal menapa.
Sholawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng Nabi kita Muhammad SAW. Ingkang dados patuladan kita sedaya lan ingkang kita tengga-tengga syafa'atipun mbenjing ing dinten akhir.
               Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Sakderengipun kula badhe ngaturaken matur sembah nuwun ingkang tanpa pepindan dhumateng para panitia lomba. Ingkang sampun kersa nglodhangaken wekdalipun kagem ngawontenaken lomba pidato basa Jawi. Kula ugi badhe ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng Bapak Gubernur Jawa Tengah ingkang sampun kersa nguri-uri basa Jawi ing tengah zaman ingkang sampun globalisasi menika. 
               Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Kula minangka peserta lomba pidato basa Jawi, wonten ing kalodhangan menika badhe matur bab "memetri basa jawi ing ndalem kulawarga". Memetri utawi ngopeni basa Jawi ing ndalem kulawarga menika tumindak ingkang boten gampil dipunlampahi. Boten kathah para lare ingkang purun migunakaken basa krama nalika matur kaliyan ibu lan bapakipun. Menapa malih para lare sampun kulina migunakaken basa ngoko nalika matur kaliyan ibu lan bapakipun, lajeng kedah gantos migunakaken basa krama. Menika perkawis ingkang boten gampil. 
                Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Kados pundi penggalih panjenengan nalika para putranipun panjenengan nalika matur kaliyan panjenengan migunakaken basa ngoko? Panjenengan trenyuh manahipun boten? Kula kinten trenyuh manahipun. Sakwangsulipun kados pundi penggalih panjenengan nalika para putranipun panjenengan nalika matur kaliyan panjenengan migunakaken basa krama? Panjenengan remen boten? Insya Allah remen manahipun. Lajeng kados pundi supados putranipun Panjenengan saged matur basa krama? Menika kedah wonten upaya-upaya ingkang dipunlampahi. Upaya ingkang kados pundi? Inggih boten susah angel-angel. Nalika  guneman kaliyan garwanipun panjenengan, menika dipun upayakaken migunakaken basa krama. Semanten ugi nalika ngendika kaliyan putranipun. Menika migunakaken basa krama, kanthi niyatan nyinaoni putranipun supados saged matur migunakaken basa krama. Ingkang wigati menika paring patuladhan dhumateng putranipun. Pramila nalika panjenengan guneman utawi mangsuli pitakenipun Ibu Bapak Panjenengan menika migunakaken basa krama. Saengga putranipun panjenengan saged ningali, bilih Ibu lan Bapak nalika matur kaliyan Mbah Putri lan Mbah kakung migunakaken basa krama. Kanthi mekaten putranipun panjenengan saged nuladani. Ing pungkasanipun insya Allah kula lan panjenengan saged memetri utawi ngopeni basa Jawi ing ndalem kulawarga kula lan panjenengan.
                Bapak saha Ibu ingkang kula hormati,
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Kula nyuwun agunging pangaksami menawi kathah kalepatan sakdangunipun kula matur wiwit kalawau. 
Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb.        
              



Tidak ada komentar:

Posting Komentar