Sabtu, 28 Maret 2015

Sesorah Sambutan Kepala Madrasah ing Adicara Isro' Mi'raj Nabi Muhammad SAW (Pidato Sambutan Kepala Madrasah di Acara Isro' Mi'roj Nabi Muhammad SAW)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Alhamdulillahirobbil'aalamiin. Wassholaatu wassalaamu 'alalmursaliin. Wa'alaa aalihii washohbihii ajma'iin. Ammaa ba'du.

Ingkang kula hormati Para Ustadz lan Ustadzah Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash
Ingkang kula hormati Para Alumni Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash
Ingkang kula tresnani sedaya santriwan santriwati Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash

Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang Maha welas lan Maha Asih, ingkang sampun paring ni'mat iman, islam, kasarasan lan taksih kathah malih dhumateng kita sedaya. Saengga ngantos wekdal sakmenika kula lan Panjenengan dipunparingi gampil anggenipun ngibadah, nyambut damel lan sinau. 
          
Sholawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun nyampurnakaken akhlak sedaya umat ing alam donya menika. Saengga kita sampun boten mrangguli zaman jahiliyah. Mugi-mugi kita sedaya mbenjing saged pikantuk syafa'at saking Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing dinten kiyamat. Supados kita boten kepanasan saking srengenge ingkang inggilipun namung setunggal kilan saking mustakanipun menungsa.  

Para rawuh ingkang kula hormati, 
Sakderengipun kula ngaturaken matur nuwun dhumateng para alumni ingkang sampun purun nglodhangaken wekdalipun kagem dumugi ing pengaosan isra' Mi'raj menika. Kula minangka Kepala Madrasah Diniyyah Al-Ikhlash ugi ngaturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun mbiyantu kegiyatan Pengaosan Isra' Mi'raj. Jazakumullah khoirul jazah.
           
Para rawuh ingkang kula hormati,
Kenging menapa ing madrasah ngawontenaken Pengaosan Isra' Mi'raj? Inggih menika kangge mengeti lelampahanipun kanjeng nabi Muhammad SAW nalika nindakaken Isra' Mi'raj. Nalika semanten kanjeng nabi nindakaken lelampahan saking Masjidil Haram ingkang wonten ing Makkah dumugi Masjidil Aqsa ingkang wonten ing Yerussalim. Ing wekdal ingkang sami, inggih menika setunggal ndalu, kanjeng nabi ugi nindakaken lelampahan saking bumi tumeka langit sap pitu, dipunlajengaken dhateng Sidratul Muntaha. Wondene oleh-oleh saking Isra' Mi'raj inggih menika pikantuk dhawuh saking Allah SWT supados kanjeng nabi sak umatipun nindakaken sholat gangsal wekdal. Inggih menika isya', shubuh, dhuhur, ashar lan maghrib. Pramila sumangga adik-adik ingkang sholatipun dereng jangkep gangsal wekdal, dipunjangkepi. Amargi sholat menika hukumipun wajib kagem tiyang muslim. Menawi boten ngelampahi sholat, angsal dosa. Menawi gadhah dosa mbenjing menawi sampun pejah angsal siksa saking Allah SWT.
            
Para rawuh ingkang kula hormati,
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Kula nyuwun pangapunten ingkang kathah, menawi sakdangunipun matur kathah kalepatan. 

Nuwun.
Wallahul muwaffiq ila aqwamit thariq 

Wassalamu'alaikum wr.wb.


            

Tidak ada komentar:

Posting Komentar