Jumat, 27 Maret 2015

Sesorah Sambutan Kepala Desa Ing Adicara Isra' Mi'raj Nabi Muhammad SAW (Pidato Sambutan Kepala Desa di Acara Isra' Mi'raj Nabi Muhammad SAW)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Ingkang dhahat kinurmatan Bapak Kyai Akrom Sofwan
Ingkang kula hormati Para Alim Ulama Desa Pesaren
Ingkang kula hormati Para Tamu Undangan
Ingkang kula hormati Para Bapak saha Ibu lan sedaya ingkang rawuh wonten ing majelis menika

Sumangga kita ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring kathah kenikmatan dhumateng kita sedaya. Saengga wonten adicara menika kula lan panjenengan saged makempal kanthi bungahing manah boten wonten alangan setunggal menapa. 
Sholawat saha salam sumangga kita aturaken dhumateng nabi kita Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun ngrembakakaken agama Islam ing alam donya menika. Ugi ingkang kula lan Panjenengan derekaken syafa'atipun mbenjing ing dinten kiyamat.
               
Para rawuh ingkang kula hormati,
Kula minangka Kepala Desa Pesaren ngaturaken matur nuwun dhumateng panitia Karang Taruna "Mandiri" ingkang sampun purun ngawontenaken pengaosan Isra' Mi'raj wonten ing desa kita. Kegiyatan menika saestu sae sanget lan wujud kegiyatan ingkang positif. Mugi-mugi ngajengipun saged ngawontenaken kegiyatan ingkang sae malih. Insya Allah saking desa siyap mbiyantu. 
               
Para rawuh ingkang kula hormati,
Pengaosan Isra' Mi'raj menika kagem mengeti lelampahanipun kanjeng Nabi Muhammad SAW nalika pikantuk dhawuh saking Gusti Allah supados ngelampahi sholat 5 wekdal. Lha mugi-mugi wontenipun pengaosan menika saged ngelingaken kula lan panjenengan supados boten nilaraken sholat 5 wekdal. Saengga insya Allah saged ndadosaken tentremipun manah kula lan panjenengan. Sumangga ingkang wingi-wingi sholatipun taksih bolong-bolong, dipunjangkepi. Sumangga ingkang wingi-wingi Masjid Jami' Desa Pesaren nalika shubuh lan isya' sekedhik ingkang nderek sholat jama'ah, dipunkebaki. Jama'ah wonten masjid menapa mushola menika boten namung jejibahanipun ingkang sepuh kemawon. Adik-adik karang taruna Desa Pesaren inggih kedah sregep jama'ah wonten masjid utawi mushola.
               
Para rawuh ingkang kula hormati,
Alhamdulillah karang taruna Desa Pesaren sampun jalan malih. Sumangga kula lan Panjenengan sengkuyung sareng-sareng. Menawi wingi-wingi aturipun adik-adik karang taruna mbetahaken Base Camp, sumangga saged manggen wonten balai desa. Ing mrika wonten setunggal ruwang kosong. Sumangga saged dipunginakaken kagem karang taruna. Ingkang wigati ruwanganipun dipunreksa.
             
Para rawuh ingkang kula hormati,
Semanten ingkang saged kula aturaken. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten kathah kalepatan anggen kula matur.
Nuwun.

Wassalamu'alaikum wr.wb.  


Tidak ada komentar:

Posting Komentar